Rabu, 06 Juni 2018

Cerita Bahasa Jawa: Jasmani dan Rohani

Jilid 4.
    Sak pungkure mas Agus krama, Rohani biasa wae. Polatane Rohani ora ana owah-owahan kang cetho. Sing genah Rohani sangsaya sengkut nyambut gawe. Saya grengseng nyiapake makalah kanggo penelitian tindakan kelas . Penelitian kanggo ningkatake pangkat kariere.

    Keng Rama lan ibune sangsaya sing menggalih. Mengko gek Rohani ki wegah omah-omah, ngono ngudarasane. Dene Rohani dewe tetep anteng ora katon gela. Apa ya ana , bocah ketaton atine ananging tetep enjoy kaya Rohani. Kanca-kancane wis pada nggendong anak, kok ya ora dirasa. Keng Rama lan ibune mung bisa ndedonga muga Rohani enggal pinaringan jodo kang luwih murakabi tinimbang mas Agus.

    Ya kersaning Alloh, ana kancane kang banget ngatekake Rohani, mbak Lies asmane.  Kanti lewat dik Imah, mbak Lies akal-akal ngenalake tanggane ana Sukaharjo kang isih bujang marang Rohani. Yo. . . kalah cacak menang cacak menawa cocok. E...e...kanyata Rohani satujuk wong mung kenalan wae apa alane.
" Siip mb Lies, Rohani bisa kenalan" pangandikane dik Imah marang mbak Lies.

    Dirancang kenalane dina Minggu, ben ora ngganggu nyambut gawene. Wong ya pada-pada PNS ndak ndadak izin. TPPne ndak dipotong.

Ing dina minggu iku ana pertemuan Dharma Wanita ing kantore Rohani. Mbak Lies saka Sukaharja diterke piyayi sing arep dikenalake Rohani.

    Pertemuan Dharma Wanita berjalan lancar. Mbak Tami kang iwut ngisi acara ora pati nggatekake suasana kang bedha. Lancare pertemuan Dharma Wanita laras karo lancare perkenalane Rohani karo tanggane mbak Lies.

    Rohani sajak kesengsem karo piyayi sing dikenalake mbak Lies. Asmane mono Jasmani. Ya tumbu oleh tutup. Jasmani dewe yo katone kepranan karo solah bawane Rohani.

   Kenalan kuwi minangka sarana ketemuan sabanjure. Saben malem minggu Jasmani wis apel nang ndaleme Pak Camat saperlu adaptasi karo Rohani. Sing mbukakake lawang kerepe Pak Camat dewe, trus gupuh minarakke njur jagongan ngetuprus ngalor-ngidul ngenteni Rohani metu.

    Wis ping wolu Jasmani tansah ora kendat sowan Pak Camat ngapeli Rohani. Saben-saben Jasmani apel ora lali nyangking asile kebon, kayata jambu wer, jambu bangkok , degan ijo, pelem madu , srikaya, rambutan, jeruk bali , klengkeng kang wis  cumawis ana pekarangan daleme wong tuane Jasmani.

    Bab iku kang njalari Pak Camat kepranan banget marang Jasmani. Nak Jasmani iki cak-cakane sederhana, nanging penuh wibawa. Tur yo ora mokal-mokal kaya bocah zaman saiki.

    Apele yo ra neka-neka. Biasane ya mung nguthuk omong-omongan karo Rohani ana teras ngiringan omah. Dadi Pak Camat sing mirsani ya kepranan.

    Ora ana udan,ora ana mendung, dina kuwi Pak Camat kok ndawuhi Jasmani lungguh nang ruang tamu. Arep didawuhi apa ya, batine Jasmani rada deg-degan.
Pak Camat langsung ngacarani, ," Lenggah kene mas cedak Bapak kene" ngedikane Pak Camat sajak dumanak nyenengake. Jasmani banjur sumrinthil sendika dawuh. Trus Pak Camat ngendika maneh, " Nduk Rohani rene cedak Bapak kene" Rohani lan Jasmani lungguh kursi panjang ngapit Pak Camat.

    Rohani karo Jasmani mung pandeng-pandengan wedi mbokmenawa klera-kleru anggone kencan sak suwene iki. ☺

    Pak Camat trus ngendika, " Nak Jasmani lan kowe nduk Rohani apaya sampean sakloron rumangsa cocok sesrawunganmu? Dhene nek wis cocok mbokya kepiye menawa dibacutake rembug tua. Wong sampean sakloron yo dudu bocah maneh. Nek kesuwen nggonmu tetimbangan ndak marahi ora becik" Ngendikane Pak Camat drujus ra kena dipedot. Jasmani langsung wangsulan, " Lha malah keleresan Bapak, menawi Bapak sampun sarujuk. Kantun diajeng Rohani kadospundi? Kula derek mawon."

"Piye Nduk sliramu? Rak yo mathuk tho....? Ngendikane Pak Camat. Rohani sing didangu malah mung klecam-klecem karo nguwasi Jasmani.

Pak Camat langsung miwiti pangandikan. . . . .
"Yen wis pada mantep sarujuk. . . nak Jasmani tak aturi inggal mrantasi gawe kanggo rembug tua. Rak ya ngono tha Nak prayogane!"
"Kasinggihan Bapak!, wangsulane Jasmani mantep.
" Rak ya ngono tho dik?" ,omonge Jasmani karo nyenggol Rohani. Sing disenggol ora wangsulan mung klecam-klecem sajak kepranan.


Jilid. 8  
Dina Jumat bibar Jumatan rombongan nganten kakung pasrah srana marang penganten putri. Srana sing dipasrahake pepak tenan. Dientha-entha werna -werna. Ana kang arupa parsel ana kang diwadahi tenggok-tenggok.

    Ana majemukan , pisang raja setangkep, jenang, jadah, wajik, pondoh. Panganan cara Jawa. Ana klapa sak janjang, gedang kepok lan gedang pisto sak tundun. Sayur sak tenggok, ana wortel, kapri, brukoli, kembang kol, boncis, kentang, sawi, loncang sledri lan liya-liyane

 Bumbu pawon uga ana, wiwit brambang, bawang,  tumbar, mrica, pala,  manis jangan, cengkeh, mesoyi, kluwak, salam, laos, godong jeruk, sere, jahe, kencur lan sapanunggalane.

    Malah ana pitik jawa kemanggang werna putih mulus, karo werna ireng njanges. Ana uga jago blirik lancur. Isih ditambah wedus Jawa werna coklat kang dituntun.

   Woh-wohan kanggo buah, ana salak pondoh sak kranjang, duku palembang sak kranjang, jeruk keprok sak rinjing, klengkeng pimpong Prambanan.

    Durung meneh mas kawin kang arupa mas-masan sak pengadeg. Ana kalpika mata barlean, giwang, anting-anting, gelang krincing, kalung lan peniti renteng. Duite ditata ana kotak kaca ana 1.983.000 rupiah. Iku mertandani tahun nikahane, yo mung dinggo pepenget wae.

   Srana kang arupa busana uga pepek. Ana jarik Wahyu Tumurun kang dientho dadi kapal, diisi kain kebaya tille werna biri tosca, lan pasmina werna biru samberlilen kanggo layar, stagen ireng lan selop.

    Quran,mukena lan sajadah kang dientho kaya kubah mesjid. Katone pani, nresep nang ati.

    Kain rok saka batik printing werna biru laut kang dironce kaya kembang dipasang ana sepatu werna biru tua. Wah....jan necis.

    Anduk kang werna abang getih dientho kaya kelinci kang ngambarake kesuburan , dikantheni pakaian dalam . Kethok apik temata ing kranjang parsel.

Jilid 9
    Esuk iku daleme Pak Camat regeng, merga ana acara siraman calon pengantin. Kanggone wong Jawa mono upacara siraman iku isih dilaksanakeke. Kanggo nguri-uri budaya warisan leluhur.

    Upacara siraman iku diadani sak durunge malem midodareni. Biasane esuk udakara jam 8 munggah tekane jam10, utawa sore udakara bakda asar.

    Rohani diacarani diraman esuk udakara jam 9.00. Wiwit esuk mau wis iwut nyiapake ubarampene. Pengaron yaiku ember saka tanah liat, diisi banyu kang diparingi kembang setaman karo rajangan godong pandan wangi. Siwur, gayung kang digawe saka batok kang digarani pring. Kendi, adah banyu saka tanah liat. Dingklik duwur saka kayu. Kabeh mau disiapake ana plataran ngarep jeding. Kanggo kakung dewe, putri dewe.

    Rohani lan Jasmani disiapake wis ngagem tapih kemben jarit Parang drajat sa kloron. Rohani dilenggahake ana dingklik kang wis dicumawiske karo dukune nganten. Banjur diguyuri ngaggo ciduk siwur marang sesepuh. Urut saka eyang putrine Rohani saka keng Ranane, eyang putrine Rohani saka keng ibune. Lanjute trus budhe-budhene Rohani, bulik -bulike, keri dewe malah ibune Rohani. Terus banyu kendhi dipancurake ibune Rohani kagem wudhu Rohani. Banjur kendhine dipecah.

Jilid 11
    Wiwit subuh daleme Pak Camat wis ribut pada nyiapake kanggo ijab jam 08.00 mengko. Jam 6.30 wis diacarani sarapan kagem penganten lan kluargane.
    Menu esuk iki jan nyenengake wong nasi gudang lethok ala mbak Tami. Sayur gudange menggiyurkan ana tuntut kembang gedang, kenikir, adas saka Boyolali, tokolan . Lethoke isi tahu pong, tahu putih, krecek lan endog glundung. Isih ditambah krupuk karak ndrono. Wah.....mak yussss.

    Buahe dijupukake saka ater-ater srana ndek wingi. Ana gedang pista, salak pondoh, jeruk keprok, klengkeng lan sapanunggalane.

   Jam wolu tepat Pak Mansyur Kepala KUA Wonokarto wis rawuh. Penganten kakung uga wis rawuh, saka Wisma Giriwono. Penganten kakung ngagem busana setelan jas warno putih tulang lan dasi abang. Ehm necis tenan.

    Nganten putri wis dicawisake ana ruang tamu, yo ruangan kang dienggo ijab. Ageman kang diagem nganten putri, ngagem jarit Sidamukti batikane keng Eyange Rohani. Dilengkapi kebaya landung werna salem lan kudung putih tulang. Selope ngagem selop keckres werna salem. Wah.....katon manglingi tenan Rohani.

Penganten kakung namung dadi tamu, ing acara midodareni. Dadi penganten kakung isa mirsani calon garwane nganti njinggleng, tamat banget.

    Upacara midodareni iki dilaksanake bakda ngisak, udakara jam-jam 20.00 tekan ndungkap tengah wengi. Wah ya karo latihan melek, lan tirakatan wengi. Mbesuke nek kagungan putra cilik wis ora kaget.

    Menawa tangi tekan wayah tengah wengi kanggone Rohani wis biasa. Rohani asring nggarap tugase nganti tekan wengi. Rohani iku piyayine disiplin ora gelem ngendhe-ngende gawean. Apa tugase dilaksanakake tepat waktu. Apa malah ngelon-loni gawean. Dadi ora kemrungsung menawa tugas kudu ndang diserahake, diklumpukne.

    Pasugatan kanggo acara midodareni iki lumayan caem. Ana kue thok isi kumbu kacang tanah, mei sarang burung, karo mete asli Wonogiri. Ora metu sop, nanging diganti bakso kotak, mei ne nganggo mei misoa dadi lembut. Nasine nasi uduk oren kang dilawuhi ayam goreng kremes, sambel goreng kreni ikan saga, acar kuning, terik daging sapi lan krupuk rambak lalap saka Boyolali. Buahe wengi-wengi ora ngagem buah mung agar-agar jeli pasta.

    Masakane ya neka-neka wong sing ngayahi masak kawula muda kancane Rohani.
Nasi uduk oren kui nasi uduk kang bubar ngaru trus ditambahi parutan wortel kang diparut sasak , dadi wernane oren kaya woetel. Sing genah nasine ana sayure ben bergizi. Kandane sing masak.

    Sambel goreng kreni kok ya ikan saga ki gek kepiye. Ya maklum Wonogiri hasil waduk Gajah Mungkur akeh ikan saga tur yo bergizi kanggo nambah HB. Kanthi lelandesan iki ngapa ora dimanfaatke dadi sambel goreng kreni ikan saga khas Wonogiri. Merga ikan saga iku akehe saka waduk Gajah Mungkur Wonogiri, nah......trus diangkat mbak Titik dadi sambel goreng kreni ikan saga. Ha...ha.... Dasar mbak Titik pinter masak, tur neka - neka. Penjenengan wis nate dahar sambel goreng kreni ikan saga? Nek dereng tindak Wonogiri mundut ikan saga trus nyuwun resep mbak Titik sing pidalem wonten Kaloran Wonogiri

Jilid 12
Sak pungkure ijab, penganten didandani nganggo busana penganten model Surakarta Hadiningrat. Rampung dandan penganten diarak menyang gedung Aula SMEA Negri Wonogiri, kang mung keletan telung omah saka daleme Pak Camat. Jeneng diarak ya ora njuk diaturi jalan kaki ndarat, nanging wis disiapke mobil. Dadi yo arak-arakan nitih mobil. Ngarep dewe sedan Corola kuning kagem Romo lan ibune Rohani, nomer loro sedan Vorola putih ana hiasan kembang dititihi penganten sakloron. Mobil mburine isih pirang2 mobil kluarga lan kanca cedak. Mobil arak-arakan tekan gedung.

   Mudun saka mobil panganten kakung nunggu ana teras. Dene penganten putri dikawal manggolayuda yaiku mas Danang putrane mbak Tami, lan mas Wawan putrane mbak Tari. Nang mburine ana putri cilik loro, pangipas penganten yaiku mbak Ajeng putrane mbak Djam lan mbak Fetri putrane mbak Titik kang ngagem busana sabuk wala wah sajak kenes lucu. Lagi penganten putri kang kaapit Rama lan ibune . Ing mburine tata loro-loro keng rayine Rohani. Nganten ka lenggahake ana dampar kencana kang wis disiapake karo PRAKTIS   W. O.

Jilid 13
Penganten sakloron wis lenggah dampar kencana ka apit Rama lan ibune, katambahan widodari cilik loro kang tugas ngipasi penganten. Mula acara inggal kawiwitan. M C ne cilik putrane Pak Giyatto. Cilik nanging prigel, basane alus. Dasar bocah teater dadi yo prigel nek ngendikan lan ngadepi piyayi akeh. Pambagyo harjo kasalirani dening Pak Edi Erlangga saka Pacitan, ngendikane gandem empuk. Isine cekak aos dadi ora kesuwen.
    Diterusake maos ayat suci Al Quran. Petugase piyayi saka Depag, bu Mustafiah. Wak qori iki mrantasi tenan nek ngaos, suarane nggeterke atine para pemirenge. Diteruske terjemahane mas Mamed putrane dik Imah. Wah....jan..gandem tenan

Jilid 14
    Kairing acara-acara adat mau sinoman saka PRAKTIS W. O., sigap anggone ngaturake pasugatan. Suguhan teh Dandang manis wis cumawis ana gelas-gelas kang diparingke meja tamu.
    Daharan snak arupa sanggabuana. Yoiku sus ragoun daging lan sayur ditutup endog rebus glundung. Nduwure diparingi godong slada lan mayones.
    Sop...e ..metu sop matahari, kuah sitik. Dadi gizi ning ora marakake wareg. Yo gur nyilit kanggone kanoman. Ha...ha...
   Nasine, nasi ramesan. Lauke udang kentucki, terik daging sapi, endog dadar rajangan, acar kuning lan capjae.
    Es kanggo penutup, metu es cream sing dipadu karo jeli warna-warni lan tape ketan.

    Wah...peladene sinoman sigep. Arepa piring terbang, kagem piyayi udakara 800an, nanging cepet, trengginas, prigel tenan. Tak acungi jempol👍🏻 nek ngene iki. Siip tenan. Sasat kabeh keduman tur wektune meh bebarengan. Lha kepiye meneh wong yo jenenge wae  PRAKTIS W. O, yo mestine mrantasi samubarange.

    Pasugatan kang nengsemake yo pasugatan organ tunggal, pimpinane Pak Giyo guru akuntansi. Pasugatan iki minangka sumbangan saka SMK NEGRI WONOGIRI.  Sing main organ Pak Giyo gantian ro Pak Rully. Penyanyine ana dik Imah guru ekonomi, bu Wiwiek guru administrasi kantor,  Pak Umar Khumaini guru bahasa Inggris, lan liya-liyane.

    Ing pahargyan iku dik Imah nglantunke tembang " Setangkai Anggrek Bulan". Yo jelas dinyanyekake dik Imah, wong kui lagu pesenan kanca istimewane je.

    Wah...pengalaman dina kui jan nengsemake temenan. Nengsemake yo pasugatan lagune, yo pasugatan konsumsine sing enak sedep tur cekatan carane ngaturke. Wah pokoke elok tenan. Sing apik ki jane ngantene, suguhan, tontonane, apa merga Praktis W. O, aku ora mudeng.

    Kanyata pas ndungkap dhuhur acara wis rampunh. Tamu undangan isa luhuran ana ndaleme dewe-dewe, apa ana masjid. Nah....acara pasamuan ngene iki lho sing nengsemake . Ora perlu ninggalake wrktu sholat. Dadi sholate isa tepat wektu. He...he..

Jilid 15
    Sorene bubar ngasar bu Camat wis iwut ngedum bancakan sega gudang marang cah cilik-cilik. Pamrihe yo puji syukur marang kang gawe urip. Yo sing ngecet lombok isa ijo, isa abang.

    Bancakan mono arupa sega putih dangdangan kukusan pring. Lawuhe gudang, bubuk. Cabuk. gereh petek.

    Sayur gudange saka kangkung kang dipotong panjang, kanti makna ben bisa nlolor ngrembaka sing golek pangan. Kacang panjang kang dipotong dawa, kanthi maksud ben bisa panjang yuswa. Tokolan kacang ijo, kanti pangajab bisa a tukul mrucuk kaya tokolan.

    Bubuk dele pamrihe yen ana masalah inggal rampung ora bertele-tele. Gereh petek ben isa enggal mbethek apa kang arep kalakon. Cabuk wijen ben bisa urip temata manawa masalah iku kanggo cambuk ben isa mrantasi gawe. Dene bumbu urap klapa enom, ngandung maksud pasrawungan ing masyarakat ben bisa membaur. Ora mbang jinde,mbangciladan pilih-pilih.

    Budaya Jawa ki neka-neka . Nanging akeh sanepan kang kebak hikmah kanggone manungsa urip.

Jilid 16

    Kanthi bancaan kanyata bisa ngukuhake paseduluran tangga teparo,sanak, kadang bisa rumaket. Bancaan kang mung arupa sega kang dikukus nganggo kukusan pring, kang njalari segane sehat.
    Merga sega kang didang nganggo kukusan pring iku racune wis kesedot  rikala proses adang. Sumup banyu kang panas isa mengaktifke pring kang dinam dadi kukusan nyedot racun kang ana beras kang lagi proses dimasak.

    Dene sayuran kang arupa kangkung, kacang panjang,tokolan kacang ijo kang didang nganggo kukusan pring iku uga sehat. Maksude mbok menawa ana racun, wis dinetralisir kukusan pring. Wah......wog Jasski teknologine malah canggih jebule

    Endog godog glundung syarate uga dikukus nganggo kukusan pring, kanggo netralake tacime. Lha anggone nyajekake endog ora diglundungake , nanging disigar dadi wolu. Pamrihe ben isa mestekake menawa endoge wis mateng. Saliyane iku mengku maksud nggambarake menawa isa lumrah.

Jilid 17

    Limang ndina sawise ijabe Rohani, wiwit esuk daleme Pak Camat regeng meneh.Bubar ngisak arep pembubaran panitia. Mula pada iwut masak-masak kanggo suguhan mengko.

    Sakliyane iku uga pas sepasaran manten. Mula sore sak bubare asyar bu Camat arep mbagekake bancaan sepasaran manten. Ngiras pantes sumsuman panitia. Maksude pembubaran panitia, atur nuwun wis dibantu ubarampene anggone mantu🙏🏻

Sore iku bu Camat nggelar bancaan. Bocah cilik-cilik saka kiwa tengene dalem pada ngumpul. Bocah-bocah pada diparingi pincuk godong gedang kang isi sega, gudang urap, endog, sambel cabuk ala Wonogiri lan gerek petek.
Wah. . . .sedep dimaem nganggo tangan rame-rame ro kancane. Bocah kang ora doyan maen dadi selera gelem maem👍🏻

Bubar ngisak para tamu panitia mantenan wis pada rawuh. Tamu diacarani lenggah ramah tamah ing ruang tamu kang wis digelari klasa. Para rewang kang nang mburi iwut nyepakne suguhan

Unjukan teh manis lan nyamikan diaturake. Diteruske bestik bunga mawar komplit sak sayur lan mayonese. Segane sega wiwit ngiras pantes karo bancakan. Buahe gedang pesta,pisang kulit tipis saka Jatisrana.

    Acara wis kacakup tamu pada kondur. Para tamu kang rawuh diaturi gandulan. Gandulane arupa roti bronis kacang kering sak dos. Isih ditambahi bubur sumsum diwadahi mangkok.

    Bubur sumsun iku nduweni makna kesele dadi panitia wis diganti sumsume. Dadi isa seger meneh. Merga sumsum tulang belakang iku tugase memproduksi butir darah merah. Nak....wong Jawa kuna iku akeh ngagem sanepan kanggo ngutarakake kersane.

Jilid 19 

    Subuh-subuh daleme Pak Camat wis rame. Dina iku Setu legi, ngepasi pengetan genep telung sasi Rohani anggarbeni.

    Bancaane werna loro. Siji sega gudang biasane. Sing siji sega gurih kuning putih kang diwadahi takir pontang. Sega gurih mau dilawuhi dadar rajang, daging unggas telung werna lan iwak banyu telung werna uga. Isih ana rujak woh-wohan werna telu.

    Upacarane si ibu kang ngandut yo Rohani iku disirami nganggo banyu kembang, lan tapihe diganti ngati ping telu. Tapih kang dianggo yo tapih kang ngemu teges. Umpamane tapih kang kapisan, jarit Wahyu tumurun, trus jarit kang kapindo jarit Sida mukti, jarit kang katelu jarit Sida luhur.

    Upacara iki biasane dianakake bubar subuh, utawa bubar asyar. Dadi tepat wayah piyayi siram esuk apa sore.

    Bancaane mau diatur-,aturke tangga teparo, sanak kadang. Kanggo tanda ngabari menawa Rohani wis ngancik telung wulan. Pisan kabar seneng yo kabar nyuwun donga pangestu.

   Sing jelas bancaan lan ubarampene iku kena kanggo pangukuh paseduluran . Rak nggih ngaten tha para sederek.

Jilid 20

    Wiwit sore daleme Pak Camat wis regeng. Ana sing gawe ketupat. Ana sing oncek-oncek pala kependem. Ana sing oncek - oncek buah kanggo tujak. Ana sing masak daging unggas lan iwak banyu. Ana sing iwut suwek-suwek godong kanggo gawe pincuk lan takir. Ana sing gawe lepet. Ana sing gawe takir pontang, yoiku takir saka janur.

    Minggu paing iki kandutane Rohani wis ngancik pitung wulan. Mula arep dianakake pahargyan mitoni. Ubarampe kang kanggo upcara mitoni wis disiapake

    Cengkir gading kang digambari Kumojaya, Kumoratih wis siap. Sing gambar wae mas Bawa keng rayine Rohani. Jarit nyamping kang werna pitu uga wis disiapake. Ana jarit Wahyu tumurun, sida mukti, sida luhur, satriya wibawa,parang drajat, trumtum lan lurik Pedan.

    Wayah fajar  ubarampe bancaan  wis mateng. Kabeh wis cumawis. Tumpeng sega gudang sing kanggo bancakan wis siyaga karo pincuke pisan. Takir pontang kang ana 52 iji wis diwenehe isi sega gurih kuning putih kang dilawuhi dadar rajang, dele ireng sangan lan daging unggas werna pitu lan iwak banyu werna pitu wis cumawis.

Jilid 21

    Sakliyane iku rujak uga wis diwadahi takir godong gedang uga wis cumawis. Rujak nganggo timun, nanas, bengkoang, jambu, pelem mentah, kweni, dondong lan melon ketok apik. Wah...seger, arum...ambune

    Ketan werna uga wis cumepak ing sudi. Ketan putih, ketan ireng, ketan ijo kang nganggo pewarna alami saka daun suji, ketan kuning sing diwerna nanggo kunir, ketan ungu sing ditambahi werna saka ketela ungu, lan ketan soklat kang diwerna gula jawa, trus tambah enten-enten klapa enom. Duh......menarik.. .  wernane sajak nengsemake.

    Bubar subuh wis diacarani kanggo upacara kawiwitan. Ibu kang ngandut pitung wulan yaiku Rohani, ka lenggahake dingklik plastik duwur ing kamar mandi/jeding. Pengaron kang isi banyu saka pitung sumur lan kembang telon wis cumawis sak siwure.

    Keng Rama lan ibune Rohani kang pisanan ngguyur Rohani nganggo banyu kembang. Trus diteruske ganti jarit nganti ping pitu. Sing keri dewe ganti nganggo jarit lurik. Sabanjure cengkir gading kang wis digambari Kumajaya Kumaratih di lebokake jarit saka nduwur mudun menhisor. Sing nglebokake bapake jabang bayi yo Jasmani. Enggal katampanan cengkire.. Cengkir iku banjur kagendong keng ibune Jasmani, dipapanake ana peturone Rohani.

    Rohani trus kadabyang mlebu kamar salin ageman kang nyaman. Rikmane Rohani diratus ben inggal garing lan wangi ora penguk.

    Bubar upacara siraman bu Camat trus nggelar tumpeng ka bagekake dadi bancaan nang pincuk . Trus dibagekake bocah cilik-cilik.

NB:
Cerita ini diambil dari kiriman teman di grup WA. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar