Jumat, 08 Juni 2018

Cerita Bahasa Jawa: Aku Njaluk Genine

SIJI

Yen disawang, aku mono sawijining wong lanang kang urip mulya mukti wibawa. Lha kepiye nek ora? Umurku lagi 36 tahun, nanging jabatanku wis dhuwur tumrap pawongan saumuranku,  yaiku Direktur Utama PT. TECHNO INTERNUSA. Sawijining perusahaan babagan hitech engineering papan atas ing Jakarta.

Minangka Direktur Utama, mesthi wae aku sugih brewu.

Omah? Aku duwe omah mewah ing daerah Kemang lan Kelapa Gading kang ukurane ora kurang saka 2.000 m². Uga duwe villa manssion ana daerah Ciawi Bogor kang kumplit karo taman kang ambane udakara 8.000 m².

Mobil? Mobilku ana yen mung telu: Rubicon, Alphard, lan Mercy S Class.

Bojo? Ya mesthi wae aku duwe bojo sing ayu banget. Dhuwur semampai, putih, mancung. Angel ngandhake piye ayune. Kira² kaya bintang film biyen kang aran Lily Caratty

Anak? Aku lagi duwe anak siji umur 8 tahun kang aran Baskoro.

Lho, elok banget ta kahanane uripku? Kabeh uwong yen meruhi ngene mesthi kepengin. Mesthi meri.

Nanging upama ana sing takon: Apa uripku ayem? Ora! Apa atiku jenjem? Ora! Apa uripku bahagia? Ora!. Yen menawa aku ketok gagah, bahagia, ayem, sejatine kuwi mung samudana. Mung ethok² an wae. Mung penampilan wae.

Asline lan saktenane, telung tahun pungkasan iki aku krasa banget yen kesiksa batin sakjroning urip. Aku kepengin urip biasa wae, nanging wis ora bisa! Aku ora bisa urip ayem nanging aku ya ora bisa terus dadi urip mlarat. Kabeh mau merga pokalku kuwi. Pepesthenku dadi wong sugih! Dadi iki minangka dalan urip sing kudu tak lakoni.

Biyen aku lulusan Polyteknik Jurusan Elektro, terus ketampa nyambut gawe ana sawijining perusahaan komputer. Nanging ya kuwi opahe nyambut gawe mung standar UMR! Mengkono sabanjure aku terus pindhah nyambut gawe saka siji perusahaan marang perusahaan liyane. Nangin tetep wae opahku standar UMR.

Telung tahun nglakoni mangkono aku banjur ora betah. Saking cuthele atiku, aku metu saka nyambut gawe.  Kanthi ati kang kosong, aku banjur mlaku ijen tanpa rowang. Embuh piye nalare, suwe2 anggonku lumaku tekan pesisir kidul ya kuwi ing Pandhansimo.

Merga katut melu wong2 ana ing kono aku ya melu² semedi kang ora ngerti apa tujuane. Menawa merga mangkono kuwi mau, banjur narik kawigatene Jurukunci, Ki Layung Pringgadigda.

Aku isih eling wektu semono wayah tengah wengi. Sak pucuking langit ketok kabeh lintang² kethap kethip. Menawa sajak nggeguyu kahananku. Sepi nyenyet, mung ana swara ombak segara pathing jlegur, kasela swarane jangkrik lan walang ing wayah bengi.

"Adoh² tekan kene mara kandhakna apa sing dadi sedyamu, Kisanak?" ,
Mangkono pitakone Ki Pringga.

"Kula kepingin sugih, gadhah arta kathah, bojo ayu, omah sae, lan sapiturutipun"
Mangkono atur jawabku sak kecekele.

"Kuwi perkara kang gampang banget, tak kandhani. Nanging sangganing batin abot banget, kowe kudu kuwat nglakoni. Yen ora kuwat, ora wurung kowe ya nganyut tuwuh utawa bunuh diri..."

"Inggih kula sagah"
Mangkono jawabku waton wani, kamangka durung ngerti apa sing dikarepake abot kuwi.

Mula crita iki tak tulis kanggo pangeling-eling tumrap para kanca lan sedulur, aja nganti nemahi panandang kaya aku ngene. Dadi aku ora duwe niyat pamer yen aku sugih. Babar pisan ora!. Nanging minangka urun crita mbok menawa ana wong sing kepengin sugih kanthi cara gampang, kuwi bangeting abot sanggane.

LORO

Lingsir wengi, kira2 jam telu aku wis dikon mulih. Pesene juru kunci Ki Layung Pringgadigda, kanggo nggayuh pepenginanku aku sesuk kudu nemoni sawenehing pawongan ana ing kutha Ngayogyakarta.

Ndherek pangandikane juru kunci, pawongan kuwi manggone ora mesthi, pokoke sakpiturute Jalan Malioboro. Ana kalane neng beteng Vrederburgh, ana kalane uga ana sakngareping hotel Ibis lan Malioboro Mall.

Gene jenenge pawongan kuwi ora diterangake. Mung kanggo tenger, panganggone klambi modhel surjan lurik biru tuwa, mawa blangkon, lan clanane ireng cingkrang sak ngisor dhengkul.

Aku kudu tetulung lan nuruti panjaluke pawongan kuwi.

Aku tumuli budhal mulih menyang Jogja. Mesthi wae njujug omahku ana ing tlatah Blunyah Gedhe,  sak lore prapatan jethis lan SMPN 6 utawa biyen SGA (Sekolah Guru A) Yogyakarta. Tekan ngomah, ora nganggo suwe terus angler turu marga saking ngantuke.


**

Esuk mruput, wayah dalan Malioboro isih sepi, aku wis tilang-tiling nggoleki pawongan sing babar pisan ora ana jenenge kuwi. Jebul nganti sore, sak dawane dalan Malioboro tak urut bola-bali, mlaku saka Hotel Garuda tekan Beteng Vrederburgh aku ora bisa mrangguli. Mangkono sabanjure tak lakoni nganti pirang² dina, nyatane ora bisa nemoni. Kamangka iki wis seminggu luwih. Neng pikiranku wiwit percaya yen wong kuwi pancen ora ana. Menawa kuwi mung akale juru kunci Ki Layung Pringgadigda kanggo nguji sepira sabare aku.

Ora ngira ora ndipe, kedhele bisa dadi ketempe. Ndilalah apa embuh kersaneng Allah, ana ing dina kang kasanga aku bisa ketemu wong kuwi. Tak sawang saka kadohan bener wong kuwi. Klambi model surjan lurik biru, clana ireng cungklang tur blangkonsn. Sajak kaya lagi njejaluk, yen ana wong lanang dicedhaki, nanging jebul ora ana sing nggape.

Bareng aku saya cedhak, wong kuwi nyawang aku banjur ndang cepet mara. Dheweke ngulungake rokok sing durung dusumet:

"Aku njaluk genine.."

Aku rumangsa ora ngrokok dadi mung tolah-toleh. 

"Waah mboten gadhah korek. Mangke kula tumbase, sampeyan tengga sekedhap..!"

Aku lunga tuku korek. Bareng wis entuk, mbalik neng panggonan mau, pawongan kuwi wis ora ana. Adhuh repot, kudu nggoleki maneh iki, ngurut dalan Malioboro. Saka beteng Vrederburgh tekan Hotel Garuda.

TELU

Angen²ku, menawa yen wis ketemu pawongan sing klambi surjanan kuwi, kaya sing didhawuhake Ki Layung Pringgadigda kuwi aku bakal sugih. Sak-ora²-ne wong kuwi aweh dalan kepiye murih bisane sugih. Mula esuk kuwi aku budhal nggoleki maneh. Ben ora kawistara, genea sasat setengah sasi kok saben dina neng Malioboro, aku nganggo sandhangan sing rada ketok kasual lan sporty. Sepatu ket putih kombinasi biru, clana jins, lan kaos krah biru enom manda². Ora lali topine uga. Oh iya, korek meh wae lali.

Ora gantalan suwe, wis tekan sakngarepe beteng Vrederburgh. Kuwi panggonan uga asring kanggo pameran budaya. 
Wong² wiwit akeh sliweran liwat ngebaki trotoar. Jajanan wayah esuk ngene kaya dene bubur ayam Jakarta, lan gudheg, wis dikrubut karo pandhemene.

Aku mung meneng wae karo namatake kiwa tengene. Dumadakan pawongan sing dak antu wis mara nyedhak, njupuk rokok saka wadhahe tumuli didokok lambene, karo kandha:

"Aku njaluk genine.."

Korek tak urubake, geni tak sumetake tumama marang rokoke. Keluke saknalika ngebaki raiku. Pandelengku blawur ora cetha, aku kliyengan sasat ora duwe daya. Kaya mati ngadeg, karo merem sedhela. Bareng melek, dheweke isih ngadeg uga. Karo nyekeli tanganku dheweke kandha:

"Matur nuwun Kisanak, maturnuwun banget! Maturnuwun tanpa upami wis gelem nulungi aku. Aku wis nem tahun nyandhang ngene iki, nunggu ana sing gelem tetulung. Jebul njenengan piyayine. Maturnuwun.."

"Maksudipun kados pundi?!" , aku ora ngerti karepe.

"Deloken! Sawangen! Saiki awake dhewe wis ijolan. Kowe dadi aku, aku dadi kowe.."

"Ha?!"

Aku kaget sasat semaput. Jebul bener! Bareng tak tamatake praupane dheweke wis malih dadi persis aku! Mengkono uga sandhang panganggone padha sing mau esuk tak enggo. Bareng nyawang awakku dhewe, aku kaget banget! Aku wis dadi dheweke! Nganggo klambi surjan biru lurik tuwa, clana ireng cungklang, karo blangkonan. Aku ora dunung babar pisan. Ya, Allah aku nangis gegetun. Alon² dheweke kandha:

"Uwis ya Kisanak, gentenan lelakone wong urip. Pancen bener kaya cakra manggilingan. Aku tak mulih neng omahmu. Kowe kudu neng kene. Ana ing sak clana ana rokok kretek duwekmu. Cacahe sanga, wong mau wis disumet siji. Golekana dhewe sing gelem tetulung awakmu. Aja lali kandha aku njaluk genine"

Wong kuwi ndang gage lunga karo ngguyu dawa ambal-ambalan. Aku isih lungguh ndheprok ana trotoar.

**

'Aku' wis dudu aku maneh. Arepa nangis ora ana sing nulungi. Aku saiki wis dadi wong kang nyandhang klambi surjan lurik biru, clana ireng cungklang, tur blangkonan. Karo nangis aku mlaku sakdawaning Malioboro. Karo wong sing tak temoni mesthi ngulungke rokok karo nembung:

"Aku njaluk genine"

Aku wis lali sapa aku sejatine, sapa jenenge, ngendi omahe. Pawongan dhek wingi kae mesthi wis kepenak neng omahku. Urip bareng karo bapak ibuku. Wayah ngene mesthi wis ngombe teh karo nyamikan. Sangsaya ibuku kuwi banget gematine.

Dene aku? Uripku wis dirampas. Aku kudu nglakoni kaya ngene iki embuh sepira lawase. Sasenan, taunan, apa saklawase? Aku ora ngerti. Aku nangis gegetun, gene wingi aku wis urip kepenak kok ora muji sukur.

Dino saya sore, saya tambah peteng, terus ganti mbengi. Embuh aku mengko iki turu neng endi. Sak-enggon²...

PAPAT

Wiwit dina iku uga aku urip ijen tanpa rowang, turu saenggon-enggon ana tlatah Malioboro. Yen bab mangan mono mesthi ana sing menehi. Nanging aku wis kelangan sakabehing aji.

Aku ora ngerti iki arep pirang taun dak lakoni. Saben uwong mesthi ora percaya upama tak lakoni. Aku mung kepengin bisa uwal saka panandang kang kaya mangkene iki. Getune bebasan ora bisa ditebus tinumbas arta. Karepe njaluk kamulyan pikolehe kasangsaran.

Kahanan mangkono mau pranyata klakon nganti limang taun lawase, urip ngulandara ana tlatah dalan malioboro.

Dina kuwi, kaya dina² padatane sing wis tak lakoni, aku nlusur dalan Maloboro mbok manawa ketemu wong gelem tetulung yen aku njaluk geni.

Tekan ngarep Malioboro Mall aku mandheg. Saka lobby Hotel Ibis ana sawenehing pawongan umur 30an punjul kang jumangkah metu saka lobby. Priya bagus, ngganteng, sandhangane apik sarwa resik. Lumakune karo nganthi garwane kang ayu mlowes ing sebelahe. Dene anake ngetutake ana sandhinge.

Bapak, garwa, putra kuwi banjur ngadeg ana ngarepe lurung parkir basement. Ketok yen nunggu mobil kang bakal methukake. Aku mara nyedhaki dhweke. 

Priya kuwi namatake aku banjur ngulungake dhuwit Rp20 ewu. Aku emoh sebab ora butuh dhuwit. Aku mung kandha;

"Aku njaluk genine.."

Dumadakan priya kuwi nyedhak, ngurupake koreke. Geni tak tampani, tangane tak cekeli. Rokok tak sedhot, keluk tak sebulake. Priya kuwi watuk² karo ngeremake mripate.

Bareng melek mendah kaya ngapa kagete. Aku wis salin sandhang dadi dheweke lan dheweke wis dadi aku. Aku mung kandha alon2;

"Terimakasih, Bapak sudah menggantikan saya mengantri di sini. Saya sudah lima tahun. Terimakasih.."

Wong kuwi kaget banjur ngamuk sakemenge:

"Hei! Kamu jangan kurangajar itu bajuku. Itu punyaku! Hei, kamu!"

Guluku ditekak banjur ditarik karo tangane wis ngepel. Mrangguli kahanan ngono wong2 padha nulungi misah anggone tukaran. Wong2 rame padha alok:

"Sudah nggak apa², Bapak cepet pergi saja. Orang gendheng ini memang suka begitu, bikin gara² ngajak berantem.."

Aku digandheng sopir, diajak mlebu mobil. Saka njero jendhela tak sawang wong sing sejatine duwe mobil iki lagi dijagani wong akeh. Ngamuk ora karu²an. Lungguh ana Sebelahku wis nunggu kenya ayu sing dadi garwane wong mau sing saiki banjur dadi bojoku. Iki merga bojone wis salin sandhang panganggon dadi wong blanhkonan.

Saka cecaturan sawetara dadi ngerti yen aku saiki wis dadi Bapak Ir. Ridwan Nurzaman. Dene bojoku jenenge Cyntia az-Zahra, lan anakku lanang Muhammad Baskoro.

Aku saiki wis dadi wong sugih karo duwe anak lan bojo ayu kaya sing wis tau tak critakake ing ndhuwur.

"Papa, kita nanti pindah hotel aja ya? Nggak enak di situ ada orang gila"

"Iya... Pindah kemana, sayang?"

"Ke Hotel Tentrem aja"

"Ok, sayang. Trus kemana kita ini sekarang?"

"Katanya ngajak makan di Wes-Lake Resto, gimana sih? Masa' Papa lupa, hhh!"

"Ohh iyaa. Iya, ayo.."

Sopir sing saiki dadi supirku tanpa cubriya apa² nuli mbacutake laku budhal neng West-Lake-Restaurant.

LIMA

Upama dak critakake kepiye anggonku nginep ana hotel Tentrem, mesthi dawa banget. Ringkese mono aku wis kasil dadi Ir. Ridwan Nurzaman kang bebojoan klawan Ny. Cyntia. Kanggoku kuwi minangka pengalaman pertama sesambungan karo wong wedok. Sakdurunge, aku durung tau babar pisan gepok senggol karo wong wedok. Mula sakwengi natas ya sengkud lan mempeng tenan. Mula Cyntia ya rada kaget:

"Papa malam ini beda banget deh, lain dari biasanya. Papa minum obat ya? Ayo ngaku aja.."

"Enggak sayang, mungkin karena terbawa kondisi tempatnya. Di sini lebih romantis", jawabku sakecele.

"Iya ya, di sini romantis banget ya? ", kandhane Cyntia karo terus nggambok nggondheli aku tekan kamar mandi.

**

Mulih tekan Jakarta, esuke aku wis kudu budhal kantor. Sukur alhdulillah, lancar arepa bola-bali kena macet. Kabeh karyawan padha menyambut, mangka aku durung ngerti siji lan sijine. Ya uwis mengko alo-alon, suwe2 rak ya ngerti. 

Mlebu ruangan Direktur, rada kaget wis ana kenya ayu sajak ethok2 nata kekembanga  ana ing vas. Uga karo ngrapihake buku2 ing mejaku. Dheweke leren olehe tata2 bareng aku mlebu:

"Selamat datang Bapak. Selamat pulang dari liburan. Pasti seneng ya.."

"Ya, ya, terima kasih"

"Ini Pak, Susi mau laporan soal sedikit kerjaan dan agenda hari ini.."

"Ya, ya, ok.."

"Dari tadi Bapak kok cuma yayaya aja. Biasanya nggak gitu2 amat deh"

"Biasanya gimana?"

"Yaa, Bapak gitu amat deh. Kan mesti cium Susi dan dipangku gitu, duduknya!"

"Ok, ok, mungkin aku masih capek ya.."

Wah, jebul ngene ta direktur karo sekretarise. Aku ya mung manut wae kareben ora dicubriyani.

Gaweyan kantor arepa bola-bali takon tur rada nanal-ninul meksa kabeh bisa rampung.

Ora pati angel gaweyane wong kabeh akeh sing wis dihandle direktur sing jumbuh karo bidange. Racake aku mung mutusake anane saran, rekomendasi, lan pertimbangan liyane. Yen angel aku bisa nyeluk kepala divisi lan staf khusus. 

Sing durung kemesthen iki mengko kudu melu rapat penyusunan kontrak kerja. Jare Susi perusahaanku arep melu tender instalasi komputerisasi bandara.

Aku kaget ana ing laci meja ana hape isine panggilan tak terjawab bola-bali. Jenenge Friska. Yen maca saka olehe muni2 ketara yen Friska kuwi selingkuhane Pak Direktur. Wah, kudu piye mengko aku iki karo Friska. Arep tak telpun balik, hapene lowbatt. Iya wae ditinggal patang dina neng laci..

ENEM

Saben dinane neng ngomah, aku nyoba cedhak karo 'anakku' di Baskoro. Nanging ya ora gampang wong dheweke sekolahe ana International Elementary School utawa SD internasional. Mula pendhak dina basa inggrise ya casciscus kae. Genti aku sing blepotan, wong nyatane pancen ora bisa. Saben2 Baskoro mesthi ngelingake:

"Dad, in english please..”

Yen wis mengkono aku mesthi celingukan. Ya ora gampang jebulane, dadi direktur yen wis neng ngomah kuwi. Mesthi wae 'bojoku' Cynthia melu cawe2 komentar mbelani Baskoro:

"Enggak tau tuh papamu sering gelagapan sekarang.."

"Lagi setres kerjaan, Ma.." , jawabku sakecekele.

**

Wis diatur dening direktur keuangan, yen bakal ana midnite party kang uga ngundang para relasi perusahaan kang magepokan karo tender perusahaan. Pesta kuwi manggon ana sawijining hotel papan atas Jakarta kang ora bisa tak kandhakake ing kene.

Lagi ngerti yen aku jebul dadi platinum member kumpulan pesta2 kuwi. Sing ndaftarake ya selingkuhanku si Frisca kuwi. Pranyata dheweke maune executive sales promotion girl sawijining perusahaan entertaint sing gaweane dodolan member card utawa kartu anggota kuwi.

Ringkesing crita aku lan Frisca bengi kuwi wis kumpul ana midnite party. Tamu undangane kabeh ya eksekutif perusahaan kanthi nggawa pasangan dhewe2. Mesthi wae pasangane kuwi kabeh dudu bojone. Mesthi ya gendhakane, kaya dene Frisca kuwi. Acarane diwiwiti sakrampunge gala dinner bareng para tamu. 

Aku lagi gumunen. Wah, ya elok tenan uripe para kalangan jetset neng Jakarta ngene iki. Yen tak rasakake lan tak graita, anane selingkuhan Frisca kuwi dudu perkara katresnan. Nanging kaya2 merga perkara gaya hidup wae.

Acara mangan2 rampung, panggonane tumuli pindhah ruangan liyane. Neng kono meja2 wis ditata kaya dene panggung. Kursine mubeng kepara cedhak panggunge. Iki mengko ana tari telanjang utawa striptease saka penari lokal.

Ora gantalan suwe, musik wis kawiwitan. Iramane latin, melodyne ngelingake marang gitaris Charlos Santana.  Bedhekanku ora keliru. Let sedhela, wis ana penyanyi ayu semlohai bodi semok tur aduhai munggah panggung. Ing mburine ngetutake penari latar kang uga wedok. Kabeh klambine methet ora jangkep. Klambi ndhuwure kecendhaken, klambi ngisore kedhuwuren.

Lagune Magic Woman, penyanyi lan penarine tambah ndadi. Klambine diudhari, diuncalake penonton mbaka siji. Suwe2 wuda kabeh. Edaaan!

Ya kaya ngene iki tundhone yen nggugoni jarene iklan lowonga  kerja kang jare mbutuhake penari untuk duta wisata. Mesthi kapusan banjur direkrut sawijining sindikat kaya dene Yakuza. Wis ora bisa uwal maneh. Jarene sing padha kandha bisnis ngono kuwi ditangani sindikat kang sumebar antarane Jakarta, Bangkok, Canton, Macau, Taipei, lan sapiturute. Mesakske sing dadi kurbane.

Neng hotel sing kanggonan pesta iki, bisnis hiburan kuwi ditangani dening Ling Wei Jian Enterprise

**

Liya dina sakbanjure, diumumake yen perusahaanku klakon menang tender komputerisasi bandara. Rega saham perusahaan uga melu kedhongkrak signifikan dua digit. Kabeh saya ngregani tumrap anggonku mimpin.

**

Nanging yen wis lungguh dhewe ngene iki, kabeh kebanggaan lan kasenengan kaya ing ndhuwur kuwi saya ilang. Iya mulya kepenak, nanging kabeh kuwi mau sejatine dudu aku kang saknyatane. Kabeh sarwa palsu. Aku kepengin mbalik wae dadi 'aku' kang kaya wingi uni. Nanging embuh kepiye carane..

PITU

Sing paling gawe sedhih neng ati, aku banjur ora duwe bapak ibu. Neng omah kana wis ana pawongan sing ngganteni jejer minangka aku. Wis ora bisa klakon mlebu metu omah kaya biyen. Apa maneh njaluk masakan brongkos gaweane ibuku sing paling enak dhewe sakdonya. Wis ora bisa! Neng omah kana wis ana aku!

Saiki dulur2ku malih dadi kabeh sedulure pak Ridwan. Aku ora paham aten2 lan ladhen2ane. Kaya mangkene iki sing ndadekna aku nangis. Pranyata gebyaring donya kuwi ora mesthi bisa ndandekna atine wong urip bagya tentrem. Contone kaya aku iki.

Sing dadi pitakonan, apa wong sing ngalami "aku njaluk genine" kuwi mung aku wae. Neng njaba kana ora ana liyane?. Jakarta, Semarang, Surabaya ora ana sing nandang kaya aku? Wah, kaniaya temen urip kuwi.

Aku mesthi terus ngguguk nangis dhewe. Mesthi ana sing tansah dak celuk:

"Ibuuuuuuu..."

Mesthi wae ibu ora mireng lan ora pirsa yen ana putrane sing ngalami panandang mangkene iki. Amarga saka pokale. Ya ngene iki sing kasebut ngundhuh wohing pakarti.

Mangkono sing tansah kepikir yen aku pinuju lungguh dhewe ana gazebo kebon mburi omah.

Ngampet sakjroning ati bab kang kaya ngono ndadekna aku suwe2 ora kuwat. Sesuk akhir tahun iki, aku arep njupuk cuti papat utawa limang dina kanggo ngadhep juru kunci Ki Layung Pringgadigda. Kabeh ngelmu pasugihan kuwi arep tak balekake.

WOLU

Wayah sore, aku wis tekan Jogja, tumuli check-in neng Hotel Hyat, jalan Palagan. Angkahku ben ora gampang ketemu karo wong blangkonan klambi surjan sing urip ngumbara neng Malioboro. Karo maneh neng hotel Hyat ngene iki adoh saka karameane kutha, kuwi cocok kanggo swasana batinku sing lagi kisruh iki.

Aku wis pesen kendharaan sewan saka hotel sakperlu kanggo lelungan ing tlatah Ngayogyakarta. Lelungan dhewe ngene iki, ing ati rasane nglangut. Ngelingake biyen dhek isih ijen, neng ngendi wae yen lunga ya ijen. Mung kepengin sakderma metu mlaku2 nuruti karepe ati, aku jajan sate klathak ana ing Jombor. Wong yen pancen ati lagi ora jenjem, sate klathak ya kaya ora ana rasane.

Kira2 jam sanga bengi aku didherekake sopir lan mobil sewan mau, budhal menyang pesisir Parangtritis, Pandhansima. Dalane sepi kaya kesaput pedhut, jumbuh kaya swasanane atiku kang uga krasa nglangut.

Tekan panggonane padhepokan sajak tekaku luwih mruput tinimbang padatan. Kanggo nunggu wektu ditimbali, aku mung lungguhan slonjor, ngulat-ngulet, ongap-angop, ngontak-ngantu. Persis kaya dhek biyen rikala teka pisanan.

Jam sewelasan bengi, aku wus klakon pepanggihan klawan juru kunci Ki Layung Pringgadigda. Ana ing wektu kuwi aku banjur matur medharake apa sing dadi sedyaku. Nanging aku krasa lemes bebasan kelangan bayu, bareng wis krungu dhewe kabeh jawabe:

"Ora bisa! Kuwi ora bisa dibalekake. Iya yen wong sing mbok tuju kuwi isih ajeg, lha nek wis ganti liyene, banjur piye?", mangkono pangandikane.

"Pikajeng kula makaten, mangke manawi kula sampun wangsul dados tiyang blangkonan, kula badhe mantuk. Mangke kula badhe mbangsulaken dumateng pawongan ingkang memba2 dados kula ingkang sampun cumondhok wonten griya.."

"Ora bisa! Kuwi rak yen manut dalan pikiranmu. Iki dudu perkara nyilih-mbalekake, nanginh iki perkara sapa gawe-nganggo. Yen mbok terak sanggane bilaen abot banget.."

"Dados saestu mboten saged, upami sakmangke kula lajeng..."

"Ora bisa! Pokoke ora bisa! Uwis, urip sing mbok jaluk biyen kuwi lakonana wae..!"

Rasane lemes banget bareng wis dijlentrehake kabeh kaya ngono mau. Aku banjur pamitan mulih Ngayogyakarta.

Niyatku wis golong gilih madhep mantep yen bakal ngguwang utawa mbalekake panganggon pasugihan mau. Mula aku sesuk bakal nggoleki pawongan sing blangkonan klambi surjan, ana tlatah Malioboro. Mengko yen wis ketemu, aku arep nyumet rokoke, kareben aku mbalik maneh dadi wong sing blabgkonan klambi surjan. Upama mengko wis bisa, aku arep nggoleki omahku, arep mbalekake panganggon kuwi marang wong sing wis memba2 aku.

Mulih tekan hotel nyoba mapan turu. Kethap-kethip, tekan gagat esuk.

SANGA

Wayahe jam 09.00 esuk.
Malioboro durung rame kaya padatan. Bakul2 sing bukak dhasar ana emperane toko, salong isih ana sing lagi bukak utawa sengkud tata2. Kendharaan sing liwat isih kena dietung nganggo driji. Semana uga wong mlaku2 lagi siji loro, akeh2e ya pitu wolu. Hawane Malioboro isih manda2 resik, durung kacampur kringet maneka warna. 

Wayah ngana aku wis mlaku2 neng Malioboro sinambi tilang tiling nggoleki pawongan sing blangkonan nganggo surjan lurik biru. Yen pancen uwonge durung ganti, mesthi eling yen weruh aku.

Kok ya meksa durung  weruh lan ora ketemu.

Kanggo slimur kalane nganggur, banjur mlebu toko buku Gramedia Malioboro Mall. Melu uyel2an milih buku, nanging ya durung nemu wong pancen ora duwe niyat golek buku. 

Aku tumuli pindah ana leretan rak buku sastra, sosial, dan budaya. Kepengine nggolek buku roman. Embuh basa Indonesia apa basa Jawa. Sakjane kepingin maca buku crita basa jawa anggitane Suparta Brata, Esmiet, apa Any Asmara. 

Tanganku arep nyandhak buku kumpulan puisi anggitane Korrie Layun Rampan, dumadakan ndadak senggolan karo tangane bocah wedok sing sajake ya arep nyandhak buku kuwi uga. Rasane dadi kikuk pakewuh. Neng endi wae yen bocah ayi kok bisa marahi grogi tur wel2an. Aku sing ora lara jantung wae bisa ndrodhog ngono kae:

"Maaf..", jareku
"Enggak apa2.."
"Suka dengan buku sastra?"
"Iyya, saya kuliah di jurusan sastra.."
"Ok, kalau begitu aku ambil dua, buat mbaknya satu. Nanti kita coba baca bareng2 sambil makan. Ok?", aku nawakake ngono karo gaya sok akrab kae.

"Enggak usah, terimakasih.."

Nanging nek bocah wedok olehe nolak swarane alon ngono kuwi tegese gelem. Buku langsung dak gawa neng kasir, tak bayar. Tenan ta bocahe durung lunga, ketok sajak milih2 buku. 

"Ini mbak bukunya, kita baca bareng yuk. Ngobrol buku sambil makan. Maaf, namanya mbak Siapa?"

"Laura.."
"Ridwan..", aku wangsulan karo ngulungake tangan. 

Salaman. Cess. 

Aku sakloron nuli bebarengan golek mangan. Neng Malioboro Mall kono akeh banget kuliner. Dudu restoran, nanging swasanane kepenak nyaman. Ketoke ya luwih enak yen mangan ana sing ngancani: Laura..

SEPULUH

Rampung mangan bareng, lan ngobrol ngalor ngidul sawetara, sarta tukar-tinukar nomer hape, Laura nuli pamitan arep mulih. Ora gelem tak untapke, bocahe wis gage mlaku tumuju parkiran sepeda motor. Aku mung namatake saka mburi kepiye lumakune.

Pikiranku kisruh antarane cepet² nggoleki wong blangkonan klambi surjan lan mungkasi lelakon ethok²an iki, utawa nerusake lelakon liyane bareng Laura.

Aku wis njupuk cuti patang dina, tegese isih ana wektu telung dina upama yen arep ngentekake wektu bareng² Laura. Pikiran kaya mengkono mau merga aku ngrasakake bab sing beda ana sakjroning ati. Mesthi wae aku emoh mikir adoh², wong ya durung ngerti sejatine Laura. Gek dheweke ya isih bocah kang umur²ane rong puluh taun. Sedheng aku wis ana yen telung puluh enem taun. 

Nanging sing tak rasakake kuwi ana sawijining hawa adhem lan ayem yen cedhak dheweke. Beda banget yen karo Cyntia. Menawa merga karo Cyntia kuwi aku mung dapur nerusake lakon dadi Pak Ridwan. Ing rasa kurang natural utawa alamiah kae.

Mikir bab kuwi karo mlaku alon², meksa ngono ya durung mrangguli wong blangkonan klambi surjan. Upama ketemu aku kira² bisa gelis anggone mrantasi gawe.

Durung kasil ketemu wong sing dak karepake, aku cengkelak mulih neng hotel Hyatt panggonanku nginep. Mengko bengi yen menawa pikiranku jutek arep ngajak ngobrol Laura neng lobby hotel wae. Nalika dak kabari bab angen²ku ngono, pranyata sasat kaya gayung bersambut, Laura datan nolak. Dadi bengi kuwi aku lungguhan bareng Laura karo nonton  ensemble biola lan piano sing pancen dicawisake hotel.

Ora arep diarani PHP utawa pemberi harapan palsu, bengi kuwi kabeh kahananku tak critakake Laura. Ora ana sing dak tutupi, kalebu aku sing sejatine dudu pak Ridwan kuwi. Dheweke kaget tur ora percaya genea ana ing jaman digital ngene isih ana ngelmu lan lelakon kaya ngono.

Dheweke sarujuk yen aku ninggalake pesugihan kuwi. Nanging babar pisan ora ngolehake yen carane nganggo karepku dhewe.

"Saya setuju Bapak tinggalkan semua itu, tapi untuk bertukar dengan orang itu dengan cara bapak, pasti fatal akibatnya. Bisa² nyawa taruhannya.."

"Kayaknya akan seperti itu, tapi bagaimana lagi kalau itu resikonya. Saya nggak betah hidup dalam kebohongan"

"Ijinkan saya nemenin Bapak sampai masalah ini selesai"

Mangkono kira² surasane anggonku cecaturan. Aku lega banget ana bocah sing bisa nampa lan ngrungokake sesambating batin. Jalaran mangkono aku ora wani sesembranan marang dheweke. Wayah wis meh kebengen, Laura pamitan. Aku ngeterake tekan kost²an ana dhaerah Karangmalang. 

Tekan hotel maneh, aku mapan turu nglepus menawa merga kekeselen. Aku ngimpi karo mesem, kaya² ngrasakake lan ngerti yen sakjane Laura wiwit duwe bibit simpati lan katresnan..

SEWELAS

Kepara lali aku anggone nggoleki pawongan aku njaluk genine, malah ketungkul dolan² mlaku² ngukur dalan Ngayogyakarta klawan bocah ayu Laura. Ya ora ngapa² mung crita² ruwet rentenging batin. Pranyata Laura bocah wedok sing kepenak diajak omongan. Swarane renyah, grapyak, semanak ditambah aleman barang 50%. Kaya ngene iki sing gawe lali marang niat wiwitane. 

Upama diterusake srawungku karo Laura, mesthi crita iki ora ana rampunge. Mangka sing baku, aku kudu mrantasi gawe kepiye bisane udhar saka aku njaluk genine. Mula kanggo dina pungkasan, aku nulis whatsapp kanggo dheweke:

Laura yang baik,
Mengenalmu, meski baru sekejap mata ternyata telah membuka mata batinku tentang cinta. Engkau adalah anugrah terindah dalam hidupku

Sekejap mengenalmu, telah memberikan pelajaran bahwa cinta itu sesuatu yang indah dan agung. Bukan seperti yang telah kujalani selama ini. Engkau begitu indah, begitu cantik, dan begitu berharga

Kesadaran itu pula yang menjadikan aku mengerti, engkau terlalu agung dan indah untuk kucintai dan kumiliki. Aku merasa tidak pantas dengan semua kekotoranku selama ini.

Engkau begitu baik, Laura. Tak pantas aku bersamamu. Tapi jauh di lubuk hatiku, aku sangat mencintaimu. Andai nanti aku menjadi tiada karena urusanku, setidaknya kenanglah aku. Kenanglah aku sebagai sosok dalam hidupmu, kalau kau pernah berjumpa dengan lelaki yang sangat mencintaimu

Laura, aku sayang kamu..

Kuwi dak kirim kira² jam 08.00 esuk dina kang pungkasan. Kanthi aboting ati aku budhal neng Malioboro nggoleki pawongan aku njaluk genine sing blangkonan klambi surjan.

Kok ya kaya kebeneran ketemu wong kuwi lagi kleleran ana emperan. Aku sengaja lewat ing sakcedhake. Pangiraku ora luput, wong kuwi isih kelingan aku. Iki tegese uwonge durung ganti liyane, isih panggah asline pak Ridwan kaya dene telung taun kepungkur.

Weruh aku embuh kaya weruh apa, wong kuwi ngoyak sanalika. Embuh uwal budi kaya ngapa, wong kuwi dak rangkul kenceng, tak ajak mlaku sak ngarepe hotel Ibis.

Marga saking nesune kapiran seprana seprene, wong kuwi nesu ora ana tembunge. Swarane mung nggereng²: 

"Hhhhh...hhhh...hhh!!"

Pancen durung rame, dadi ora ana sing nggatekake. Mlaku ngubengi hotel, aku lan dheweke mandheg ana latar mburi kang mosak masik lagi direnovasi. Neng endi² ana tulisane selain yang berkepentingan dilarang masuk utawa tulisan under construction

Tekan sakngisoring sawijining bangunan, aku banjur mandheg:

"Maaf yaa pak Ridwan, saya bener² mohon maaf"

Muni mangkono aku karo njupuk rokok sako sake, tak cepitke ana lambene, lan tak sumetake genine. Mak bul..

Jedher! 

Peteng sarwa ireng aku banjur ora weruh apa²..

Tangi² aku wis krasa kumleyang entheng banget. Ora ngambah lemah bisa mlaku kanthi gampang ana awang². Aku kaget banget. Kaget ora ketulungan bareng nyawang ngisor akeh wong rubung rame2. Jebul ana kecelakaan!

Kurbane ora liya ya wong sing blangkonan klambi surjan. Mati ngglethak ketiban gondhola! Dene Pak Ridwan ora apa², lagi ditulungi arep ditumpakake ambulan.

Pak Ridwan?

Lho, aku sapa? 
Dhuh Gusti, pranyata aku sing kudune manggon ana ragane wong blangkonan klambi surjan wis mati! Wis ora ana! Ketara jisime lagi dirubung uwong, arep diwadhahi kanthong.
Neng sakcedhake wis ana mobil siaran langsung saka GondhesTV, asung liputan pawarta:

Seorang Gelandangan Malioboro Tewas Tertimpa Gondola

Saka kadohan tak sawang Laura nangis njerit mlayu² nubruk jazadku. Dudu pak Ridwan sing dituju, nanging wong blangkonan klambi surjan sing diungkeb-ungkeb ditangisi.

Pranyata Laura paham lan ngerti marang critaku. Dheweke setya tuhu gelem nungkuli jenazahku. Aku trenyuh, terharu. Nangis mbengok², nyeluk² seru:

"Laauuurraaa! Lauuurrraaa!" 

Ora ana sing nggape ora ana sing krungu!
Bener kandhane Ki Layung Pringgadigda, yen aku nerak wewalere bakal bilahi. Ya kaya ngene iki pituwase: mati! Angkahku upama ora nati ngene, yen wis dadi wong blangkonan klambi surjan arep mulih sakperlu ngijoli ragaku klawan pawongan sing manggon omahku, ora bisa kaleksanan. Gagal total!

Kanggo tamba kangen aku kumleyang tumuju marang omahku neng Blunyah Gede. Aku kaget, jebul aku neng kana wis duwe anak bojo. Ibuku wis duwe putu. Aku ora neng ngomah, menawa lagi nyambut gawe. Kabeh tinemu urip bagya mulya. Mula aku ora bakak ngganggu, ora bakal ngreridhu. Wis ben ayem tentrem.

Aku arep mbacutake laku. Jebul neng alame wong mati kuwi hawane rada adhem. Ora ketok awan, ora ketok bengi. Nanging arepa ora banget², sesawangan kaya suwung semu padhang. Sepi, samun.

TAMAT
NB:
Cerita ini diambil dari kiriman salah seorang teman di group WA yang dikirim secara berkala setiap hari.

2 komentar: